Selasa, 19 April 2011

cerita lucu bahasa jawa..!!

Share & Comment
Yang ga ngerti bahasa jawa ga usah dipikiri....
Monggoo...!!!


Si... Zoelfahmie motone abuh koyok mari dikamplengi wong.
"Opo'o motomu iku, Zoel?" takok Topan..
" Aku wingi pas tuku tiket antri nang mburine wong wedhok awake guedhe dhuwur"
" Terus wong iku sampean jawil-jawil tah?" takok Topan kemeruh
"Ngene lho, rok'e wong wedhok iku nylempit nang bokonge, terus ta tarik ben ketok rapi, ndadak motoku sing kiwo dikampleng"

"Mangkane ta ojok ngglitis" jare Topan...
"Terus sing kanan kok yo abuh pisan?' takok Topan.
"Lha iyo tak pikir dekne gak seneng nek rok'e tak benakno, yo terus rok'e tak slempitno maneh nang bokonge, ndadak aku dikampleng maneh....".
" Oalaah Zoel..Pancene awakmu wis lawas guuoooblooookk tenan
----------------------------------------------------------------------------------------------


Wonokairun lungo nang puger mampir nang Wisma Rindu Malam.

Isine wong wedhok ayu-ayu semlohe, sikile mulus-mulus gak onok sing bubulen.

Wonokairun disambut ambek Mamine wisma.

“Aku pingin pethuk ambek Dewi” jare Wonokairun.

“Mbah, Dewi iku cewek paling ayu nang kene, taripe yo paling larang. Sampeyan mesti gak cukup dhuwike, tak golekno sing liyane ae yo…” jare Mamine.

“Aku kudhu pethuk ambek Dewi..” Wonokairun mekso.

Akhire Mamine ngongkon Dewi metu seko petarangan, tibake areke pancen uayu tenan..

“Mbah, sampeyan wis weruh tah lek taripku iku limang juta sekali booking??” takok Dewi.

Gathik kakean cangkem, Wonokairun ngetokno dhuwik sak bundhel isine limang juta.

Mari ngono, Wonokairun digandeng Dewi munggah mlebu arena. Bareng wis mari diservis, Wonokairun minggat.



Sisuke Wonokairun teko maneh nang Wisma Rindu Malam iku ngoleki Dewi maneh....
“Mbah, masio sampeyan wingi wis booking Dewi, taripe pancet lho yo.. gak ono diskon” jare Mamine.
Akhire Mamine nyeluk Dewi.

“Mbah, sampeyan wis weruh tah gak lek taripku pancet ??” takok Dewi.
Wonokairun ngetokno dhuwik sak bundhel isine limang juta.
Mari ngono, arek loro iku mlebu kamar. Bareng wis mari diservis, Wonokairun minggat.



Sisuke maneh, Wonokairun teko pisan maneh nang Wisma Rindu Malam,nggoleki Dewi
Karo Mamine langsung dicelukno Dewi.
“Mbah, gak ono discount lho", Dewi ngelingno.

"OK" jawab e Wonokairun karo ngetokno dhuwik sak bundhel isine limang juta.

Bareng wis mari, Dewi penasaran ambek Wonokairun.

“Mbah, sampeyan iku cik lomane ambek aku, sak umur-umur gak ono wong sing wani mbooking aku langsung ping telu. Teko ndheso endhi sampeyan Mbah ?” takok Dewi.
“Aku teko jember” jare Wonokairun.
“Lho iyo tah!!, aku ndhuwe dulur nang jember ....” jare Dewi kaget.
“ Wis weruh aku.. Bapakmu mati sak wulan kepungkur.. Mbakyumu nggoleki awakmu gak ketemu, terus ngongkon aku nggolek awakmu kanggo nyerahno dhuwik warisan limolas juta…

-----------------------------------------------------------------------------------------------------------


Yuk Jah lungo perikso nang dokter.*
*
"Opoko sampeyan ning ?'' Jare doktere.
*
Yuk Jah terus cerito, "Iki lho dok, wis sak wulan iki aku malih ngentutan.
Sak jam isok ping sepuluh aku ngentut.* Cumak untunge, entutku iku gak mambu
ambek gak onok suorone, dhadhi gak onok sing ngerti.* Lha iki pas aku longgo ndhik
ngarepe sampeyan ae wis ping telu aku ngentut.* Tapi sampeyan gak ngerti tho,
mergo iku mau, entutku gak muni ambek gak mambu.* Cumak aku malih gak enak
dhewe, mosok arek wedhok ngentutan ".
*
"Oh, ngono tah.. Lek ngono tebusen resep iki.* Seminggu maneh mbaliko rene
maneh" jare doktere.
*
Pas wis seminggu yuk Jah mbalik maneh nang doktere.
*
"Wis enakan tah ?" takok doktere.
*"Aku gak ngerti obat opo sing dokter kekno wingi, cumak entutku saiki kok
ambune malih bosok gak karuan.* Sampek kudhu nggeblak aku.* Tapi untunge
entutku sik tetep gak muni", jare yuk Jah.
*
"Berarti saiki irung sampeyan wis gak buntu maneh.* Saiki tebusen resep iki
yo" jare doktere.
*
"Obat opo maneh iku pak dokter ?" takok yuk Jah.
*
"Obat kopok.."

hehehe...!! gmn..?? lucu ndak..???
Tags:

Published by

Maaf blognya jarang update. karena aku sibuk. sibuk mikirin kamu #Ahey

0 comments:

Posting Komentar

Link broken? unavailable picture? Kurang jelas? Tell us!

 
Copyright © Gue , Gw , Gua bilang.. | Designed by Templateism.com